Posts

Showing posts from April 1, 2015

NALIKA WEIS DIKIRO TIANG SEPUH

Hoy rek.. aku saiki gae bohoso jowo rek... cek bedo ambek cek nyebarno bohoso sedino-dinoku nang seluruh Indonesia. Tapi lek didelok seluruh Indonesia  Hehehe... Gae sing ngerti yho wocoen sampek entek, tapi sing gak ngerti, ngguyu o ae cek dikiro ngerti.  yo.. saiki aku sik umur 15 kurang 2 bulan 37 dino 3 jam 20 detik. Tapi, wakeh sing ngiro aku iki wes tuwek. Teko sing kenal sampek sing gak kenal.  Pertama, Aku tepak numpak angkutan, aku ngomong nang kernet e "mas, Arjosari mas" kernet e muni... oh, sak elengku gak ngomong opo" kok. Tepak iku duik ku Rp.5000, langsung di susuki Rp.2000. Iku podo ae aku mbayar Rp.3000. Berarti iku ongkos e wong wis gede. Gak ngerti opo sing garakno aku mbayar e Rp.3000. Kiro" onok 2 sebab: aku gak gae seragam opo mukaku sing ncen weis ketok tuwek. keloro, Aku tepak cukur rambut. Tepak iku aku cukur ndek daerah cedek e omahku. Terus, cukur rambut e iku bayar Rp.8000 gae anak-anak. Terus Rp.9000 gae dewasa.  Terus, aku dicuku