NALIKA WEIS DIKIRO TIANG SEPUH
Hoy rek.. aku saiki gae bohoso jowo rek... cek bedo ambek cek nyebarno bohoso sedino-dinoku nang seluruh Indonesia. Tapi lek didelok seluruh Indonesia Hehehe... Gae sing ngerti yho wocoen sampek entek, tapi sing gak ngerti, ngguyu o ae cek dikiro ngerti.
yo.. saiki aku sik umur 15 kurang 2 bulan 37 dino 3 jam 20 detik. Tapi, wakeh sing ngiro aku iki wes tuwek. Teko sing kenal sampek sing gak kenal.
Pertama, Aku tepak numpak angkutan, aku ngomong nang kernet e "mas, Arjosari mas" kernet e muni... oh, sak elengku gak ngomong opo" kok. Tepak iku duik ku Rp.5000, langsung di susuki Rp.2000. Iku podo ae aku mbayar Rp.3000. Berarti iku ongkos e wong wis gede. Gak ngerti opo sing garakno aku mbayar e Rp.3000. Kiro" onok 2 sebab: aku gak gae seragam opo mukaku sing ncen weis ketok tuwek.
keloro, Aku tepak cukur rambut. Tepak iku aku cukur ndek daerah cedek e omahku. Terus, cukur rambut e iku bayar Rp.8000 gae anak-anak. Terus Rp.9000 gae dewasa.
Terus, aku dicukur rambutku "ngiiiing ngiiiing ngiiiiing ngiiiing krik krik krik" wes mari cukur, aku ngekekno duik e pas Rp.8000. Terus tukang cukur e muni "kurang Rp.1000 le.."
Terus tak kekno duik Rp.1000 iku. Teko kene, aku weis ngeroso lek mukaku ncen e tuwek. Kampret ncen e.
Sing terakhir, aku dikiro weis SMA ambek konco les ku. Konco les ku tapi aku gak kenal. Bayangno, gak kenal ae dadi konco, opo meneh kenal ya... (alasan wong sing sok kenal).
Sing nggarakno tambah kampret iku yoiku sing ngomong aku tuwek iku konco elesku sing wes SMA. Sing wis isok dianggep kakak kelasku dewe.
~Tepak lungguh~
"mas, boleh geseran nggak mas??" aku diceluk mas?? kan kampret. Sing nyeluk salah isok di omongno kakak kelasku dewe. Sing lueh tuek teko aku. issok aku diceluk "mas" i loh.
Aku geser. Ambek bokongku tak seret "sreeeet"
Langsung areg iku mang takon nang gurune "pak, ini kelas berapa?? " ambek nodeng" aku.
"kelas 9" gurune ngomong nang areg iku mang.
"oalah, tak kiro kakak kelasku tah iku mang" areg e ngomong ambek konco e sing liane.
Kabeh uwong muni mukaku tuwek, tapi aku menyadari lek ncen mukaku tuwek.